Bausastra APP
Urut-urutaning aksara utawi alphabet ing serat menika boten kalagokaken kados alphabet aksara latin, ing sawetawis radi kalarasaken kalihan kawontenanipun pakecapan Djawi, inggih menika kadamel rantamipun mekaten: a, b, ch, d, j, ê, é(è), e, g, h, I, j, k, l, m, n, ny, ng, u, o, p, r, s, t, c, t, w, z
Aksara ch, f, z kalebet awis sanget kangge wonten ingi seratan, ingkang limrah kaserat miturut kedaling pakecapan Jawi.
Serat Bausastra Jawi sampun sawatawis dangu sami kabetahaken ingakathah, langkung-langkung para guru ing pamulangan ingkang sami nindakaken ayahan nyerep-nyerepaken lenggah-sèlèhing tetembungan tuwin basa Jawi dhateng momonganipun. Ngèngeti kabetahaning ngakathah wau, punapa dene margi saking kedereng ing sekunging manah badhe tumut urun-urun mepakaken prabot pamarsudining basa Jawi, boten ketang rekaos dening sarwa cupet ing samudayanipun, kula kamipurun kumlancang ngrumiyini para paramèng basa ndhapuk serat bausastra Jawi alit-alitan, kalampahan saged kaleksanan, nuwun inggih kados makaten punika wujudipun.